Kamis, 02 Februari 2012

UP Bahasa Jawa "Pidato"

Upacara Adat Tali Darma

Umumnya pahargyan pengantin itu dilakukan dua kali, satu kali di tempat mempelai putri, satu kali di tempat mempelai pria. Di tempat pengantin putri selain acara akad nikah juga ada upacara adat Panggih, sedang di tempat mempelai pria disebut pahargyan Ngundhuh Mantu atau Nekaake Nganten dan upacara adatnya disebut upacara adat Tali Darma atau upacara Wisudhan Temanten. Inti upacara ini adalah pernyataan pengakuan orang tua di hadapan orang banyak kepada anaknya untuk membina rumah tangga.
Tentang alat yang dipakai dalam upacara adat Tali Darma adalah :
  1. Sapu kecil untuk gepyokan
  2. Air, biasanya pakai kendi berikut nampan untuk menampung air kucurannya.
  3. Kalung untaian bunga
  4. Keris.
Langkah-langkahnya sbb:
  1. Pengantin dan rombongan masuk ke tempat upacara dengan iringan gendhing Ladrang Wilujeng atau Kebo Giro.
  2. Gendhing ganti Kodhok Ngorek, lalu upacara dimulai dengan Gepyokan, dengan sapu kecil tsb kaki pengantin disapu oleh ibu mempelai pria. Bagian ini biasanya sengaja dihilangkan oleh para juru rias karena dianggap ndeso.
  3. Ibu mempelai pria kemudian membasuh kaki pengantin dengan air, biasanya dengan cara mengucurkan air dari kendi di atas nampan yang disediakan atau mungkin pula pakai alat yang lain. Bagian ini kadang juga ditiadakan dengan alasan tertentu.
  4. Kemudian pengantin diberi minum air putih, bapak ibu yang pegang gelasnya.
  5. Sang bapak kemudian mengalungkan kalung pengantin yang biasanya berupa untaian bunga kepada mempelai pria. Bagian ini kadang diganti dengan sinduran, yaitu pengantin dipakaikan kain dengan motif tertentu di punggungnya, satu kain untuk kedua mempelai.
  6. Kemudian sang bapak memakaikan keris kepada mempelai pria, jika dari sananya sudah pakai keris maka saat itu diganti. Bagian ini juga kadang ditiadakan karena pakaian yang dikenakan pengantin bukan pakaian adat Jawa sehingga tidak memungkinkan pakai keris.
  7. Setelah selesai kemudian mereka naik ke sasana rinengga, bapak ibu (serta bapak ibu besan) kemudian duduk di tempat yang disediakan, saat itu gendhing dilanjutkan gendhing yang cocok untuk sungkeman, misalnya Ketawang Rujit.
  8. Pengantin sungkem kepada bapak ibu, (bapak ibu mempelai pria lebih dahulu).
  9. Biasanya kemudian diambil fotonya dengan berbagai variasi.
  10. Pengantin lalu didudukkan di singgasana dan dikipasi oleh kedua patah.
  11. Selesai, gendhing distop, berlanjut ke acara berikutnya.
 Berikut ini contoh panatacara membawakannya, (mungkin perlu disesuaikan dengan melewati atau merubah bagian tertentu).
========================
Salajengipun, ndungkap adicara ingkang urut angka 2, nuwun inggih Upacara Wisudhan Putra Temanten. Ingkang menika, katur panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga, sumangga keparenga mratitisaken upacara menika.
Para rawuh para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, upacara menika samangke badhe kabiwardha ungeling gendhing2 Boyong Penganten, sumangga, nuwun.


==(gendhing Ladrang Wilujeng PLAY, penganten saking sasana busana mlampah mlebet sasana pawiwahan lajeng dijantur)==

Lamat-lamat katon tejane, saya sumunar cahyane, lah punika ta tejane sang anyar katon ingkang nembe manjing sasana pawiwahan.
Sinten ta sambating wewangi sang anyar katon?
Punika lah temanten sarimbit Sang Abagus …………. kalawan Rara Ayu …………. ingkang kawiwaha ing dinten pinilih kang katiti mangsa surya --11 November 2011 .
Kasilir ing samirana kongaaas gandane hangebegi wisma pawiwahan.
Tata tumata lumaksana kanthi kebak ing trapsila,
Ing ngajeng patah sakembaran ingkang katindakaken anak ayu ……….. dalah rara ayu …………,
nunten lampahing sri penganten sekaliyan ingkang datan kendhat gegandhengan asta..
Kinanthi Ibu Juru Sumbaga, hanenggih Ibu ..................
Manjing madyaning sasana pawiwahan ngarsane para pilenggah, para tamu tuwin para kadang, kang samya tulus asih asung pambageharja mring praptane Sang Narpati sehari.

==(dumugi papan upacara kendel sekedhap, gendhing Ladrang Wilujeng STOP)==

Para rawuh para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan. Putra temanten sarimbit sampun samapta wonten papan upacara, pramila tumuli ngancik tumapaking prastawa gati, nuwun inggih Upacara Wisudhan Temanten ingkang limrah kawastanan Upacara Tali Darma, binarung canthoka munya munggwing warih ing wayah sore.

==(gendhing Kodhok Ngorek PLAY lajeng njantur)==

Wus dumugi wahyaning mangsakala prastawa gati sri temanten sarimbit hanetepi upacara adat Tali Darma, nuwun inggih upacara Wisudhan Temanten.
(Gepyokan)
punika lah ingkang winastan Gepyokan, ingkang ibu hangicalaken sukerta, sesiku menapa dene reridhu ingkang mbok bilih nempel rikala penganten wiwit saking ..................... dumugi .............., kados sawan upaminipun.
(Wijik Suku)
kanthi wijik suku mugi-mugi temanten kekalih tuhu resik saking sukerta datan ana kang keri.
(Ngunjuk tirta wening)
Temanten pinaringan unjukan tirta wening, kanthi menika kaajab mugi-mugi, penganten kekalih tansaha kagungan manah ingkang wening, manah ingkang tansah tumuju dhateng kautaman, manah ingkang tansah pasrah sumarah kanthi patrap pangibadah mring Gusti Ingkang Maha Wikan.
(Ngagemaken sangsangan)
Ingkang rama hangagemaken sangsangan, punika mratandhani bilih tiyang sepuh sampun paring idi lan pangestu anggenipun penganten sarimbit badhe hamangun bale wisma.
(Ngagemaken dhuwung)
Salajengipun ingkang rama hangagemaken dhuwung, punika minangka sipat kandel utawi kapitadosan, nuwun inggih tiyang sepuh sampun pitados, bilih sakmenika Mas Bagus ....................... menika sampun ndungkap dhiwasa utawi mboten lare malih, ingkang ateges sampun saged ngrengga tanggel jawab bale wisma.

==(penganten mlebet sasana rinengga, gendhing Kodhok Ngorek STOP gantos Ketawang Rujit PLAY terus njantur)==

Ing mangke risang penganten sarimbit, dupi uninga para pepundhen catur cacahipun, daya-daya hangaturaken sungkem mring rama ibu, kairing puja-puji rahayu..........
===(penganten sungkem)==
Risang penganten tumuli anjengku tumungkul amarikelu yayah konjem ing pratiwi. Tangkeping asta sumembah ing jengku rama-ibu, sinartan eninging cipta rumasuk telenging kalbu, nyuwun pangestu cumadhong rumentahing sih pudyastuti.........
Penganten enget bilih ingkang rama punika kang wus sembada ngukir jiwa raga miwah dadya lantaraning tumuwuh. Enget bilih ingkang ibu wus kawawa dadya lantaraning yogabrata salebeting sangang wulan sedasa ari. Enget yen wus digegadhang kanthi kebak ing raos asih, bisaa mikul dhuwur mendhem jero asmaning asepuh............
Sanadyan lir sinendhal mayang penggalihipun rama-ibu dupi hanampi sungkemipun ingkang putra, jroning galih tansah mawantu-wantu paringipun puji pendonga, mugi risang penganten sarimbit tansah panggih cepaka mulya sawakul-wakul gedhene. Liripun sageda lestari pinesthining jodho, atut runtut bagya mulya, cinaket ing nugraha, tebih ing gora godha lan rencana, tansah sembada kang sinedya, tansah linuberan sihing Kang Maha Kuwasa.....
===(penganten kalenggahaken)===
Wus purna putra temanten kekalih hanetepi upacara, pramila tumuli kalenggahaken ing sasana pinajang, hanyenyadhang berkah lan pendonga para pilenggah tuwin para tamu minulya.
==(gendhing STOP, padatanipun juru foto lajeng sibuk mendhet gambaripun)==

Sanggya adilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kanthi berkah pangestu panjenengan sedaya upacara wisudhan temanten sampun paripurna, pramila sumangga kula dherekaken tumapak adicara ingkang urut angka 3, inggih menika ...................................

Ngacarani Walimatul'ursy

Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )

Dhumateng panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para sesepuh, saha pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung-langkung panjenenganipun Bp _____________ ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun almukarrom Bp
_(penceramah)___, ingkang tansah kaantu-antu barokah, miwah mau'idzah hasanahipun. Panjenenganipun para ngalim, para ngulama, para kyai lan para ustadz, ingkang rinten ndalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja nayakaning negari, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
Sumawana sanggyaning para rawuh, para pilenggah, para tamu kakung miwah putri ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan, menapadene para pengombyong temanten saking _______________ ingkang tansah winantu ing bagya mulya. Sugeng rawuh, wilujeng siang/dalu, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngluhuruken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, ngonjukaken raos syukur, karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan, kanthi pinaringan kawilujengan lan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika, sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid, alhamdulillahirobbil'alamin.

Mugi-mugi salwiring gati tansah manggih kawilujengan, rahayu, nirmala, niskala, tebih saking sakathahing reridhu lan panyendhu, kalis ing rubeda.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kakung miwah putri.

Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami, awit sampun kumawantun nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis. Sedaya kalawau, inggih awit saking awrat ngemban dhawuh pangandikan panjenenganipun Bp/Ibu __(pemangkugati)__, kajibah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal siang/dalu menika, nuwun inggih adicara walimatul'ursy nikahipun mbak ________________ ingkang kaakid-nikahaken kaliyan mas _______________ putra panjenenganipun Bp/Ibu______________ ingkang pidalem ing ______________.

Anamung saderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet, cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.


Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri. Keparenga langkung rumiyin kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kadang kulawarga kangge ngrenggani walimatul'ursy ing wekdal siang/dalu menika.

Ingkang sepisan, nuwun inggih pambuka.

Urut angka kalih, nuwun inggih Panggihing putra temanten

Urut kaping 3, Waosan wahyu suci Al Qur'an.

Dene urut kaping 4, inggih menika Atur pambagyaharja.

Salajengipun, srah tinampen putra temanten kakung, dhumawah urut kaping 5 lan 6.

Katerasaken Sumene, ingkang dhumawah urut angka 7.

Urut reroncening adicara ingkang angka 8, inggih menika Mau'idzah Hasanah.

Wondene urut adicara ingkang pungkasan, nuwun inggih Donga Panutup .


Mekaten para rawuh menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kaatur. Sanget ing panyuwunipun Bp/ibu ____(pemangkugati)_______ dalah gotrah kulawarga, keparenga panjenengan sedaya paring puja-puji pangastuti dhumateng putra temanten, sinambi lelenggahan ngantos purnaning adicara ing mangke, kanthi mardu mardikaning penggalih.
Wondene minangka tandha purnaning adicara walimatul'ursy menika, menawi mangke putra temanten sampun jumeneng wonten sangajenging tarub, kakanthi tiyang sepuhipun, saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu.

Dene kula pribadhi tansah nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi anggenipun ndherekaken cak-cakaning adicara menika saged rancag, lancar, mboten manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.


Ibu-ibu, bapak-bapak, saha sanggyaning para rawuh para lenggah para tamu, ingkang dhahat kinurmatan. Minangka pambukaning adicara, sumangga nuwun kula dherekaken maos ummul kitab sesarengan. Liridho-illahi ta'ala walisyafa'ati rosulillah SAW al faatihah.


===(maos fatihah)===


Matur nuwun, mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara ing wekdal siang/dalu menika saged lancar, rancag, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.


Salajengipun, tumapak adicara ingkang urut angka 2, nuwun inggih Panggihing Putra Temanten. Ingkang menika, katur panjenenganipun Ibu juru rias, sumangga keparenga mratitisaken panggihing putra penganten menika, lan ugi katur mas juru foto, sumangga kapendhet gambaripun.

====

Para rawuh para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, mangga kula panjenengan kurmat panggihing penganten menika, kanthi jumeneng, sinartan sesarengan maos shalawat.


===(maos shalawat, penganten dipun panggihaken kanthi salaman)===


Sumangga kula dherekaken lenggah malih lan matur nuwun.


Salajengipun ngancik adicara ingkang urut angka 3, nuwun inggih Waosan Wahyu Suci Al Qur'an. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun piniji, nuwun inggih ____________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun.


===(waosan wahyu suci Al Qur'an)===


Mekaten para rawuh Waosan Wahyu Suci Al Qur'an ingkang sampun kawaos dening panjenenganipun ____________, mugi-mugi saged nambah santosaning iman kula panjenengan sedaya, saha mbarokahi walimatul'ursy ing siang/dalu menika, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun _____________ kula aturaken agunging panuwun.


Adicara salajengipun inggih menika Atur Pambagyaharja saking panjenenganipun ingkang hamengkugati, ingkang badhe kasulih-salirani dening panjenenganipun Bp ____________. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ___________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun.


====(
Atur Pambagyaharja)====

Mekaten Atur Pambagyaharja saking panjenenganipun Bp _____________ minangka wakil saking kulawarga Bp/Ibu ____(pemangkugati)_____, dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging panuwun.


Ndungkap adicara salajengipun, inggih menika Srah Tinampen putra temanten kakung. Ingkang menika, katur dhumateng panjenenganipun Bp ________________ minangka duta saraya pasrah, wekdal saha papan kasumanggaaken. Sumangga, nuwun.


====(
Pasrah Temanten Kakung)===

Mekaten Atur Pasrah putra temanten kakung ingkang sampun kaaturaken kanthi wijang wijiling pangandikan. Dhumateng panjenenganipun Bp ______________________ kula aturaken agunging panuwun.

Salajengipun Atur Panampi ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Bp ______________. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ______________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

===(
Tampi Temanten)===

Mekaten Atur Panampi ingkang sampun kasalirani panjenenganipun Bp _______________, kanthi cetha wijang wijiling pangandikan. Dhumateng panjenenganipun Bp _______________ kula aturaken agunging panuwun.


Adicara salajengipun inggih menika sumene sawetawis. Ingkang menika katur dhumateng para kadang anem, wekdal kula sumanggaaken. Saha, katur dhumateng panjenenganipun Ibu juru rias, menawi badhe anjengkaraken putra temanten saking sasana dhampar rinengga tumuju panti busana, kasumanggaaken. Sumangga, nuwun.


=====(dhaharan kaladosaken)===


Mangga keparenga angrahabi pasugatan sepala ingkang sampun kaladosaken menika, kanthi mardu mardikaning penggalih. Ingkang dereng pikantuk, keparenga nyebar godhong kawis, sabar sawetawis, sinambi midhangetaken irama panglipur ingkang kaaturaken dening kadang panata pitaswara. Sumangga, nuwun.


=====(sumene)======

===================
===(penganten kalenggahaken malih ing sasana dhampar rinengga dening juru rias)===

Nyuwun pangapunten wekdal sumene kula punggel semanten, mboten ateges angirangi kamardhikan panjenengan sedaya ananging kangge nglajengaken adicara ingkang salajengipun.


Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Mau'idzah-Hasanah minangka sanguning putra temanten anggenipun badhe ambyur lelumban ing madyaning bebrayan agung, lan ing mangke katerasaken Donga Panutup. Mau'idzah Hasanah saha imam Donga samangke badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp___________ saking ____________.


Ananging sakderengipun wekdal kula aturaken dhumateng panjenenganipun, keparenga kula atur pamriksa, bilih tandha purnaning adicara menika, menawi mangke putra temanten sampun jumeneng wonten sangajenging tarub, kakanthi tiyang sepuhipun, saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu, pramila saking menika, kasuwun panjenengan sedaya, mangke, saksampunipun Donga paripurna, ampun kesesa kondur sakderengipun jawat asta kaliyan putra temanten lan tiyang sepuhipun, kangge tandha bilih kula panjenengan menika paring pendonga tuwin pangestu. Mekaten, lan sakderengipun kula aturaken agunging panuwun.


Salajengipun, wangsul dhumateng kula ingkang tinanggenah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika, mbok bilih wonten kekirangan, kalepatan, saha keladukipun, saking arah menapa kemawon, ingkang adamel kirang renaning penggalih panjenengan sedaya, kula tansah mawantu-wantu nyuwun agunging samodra pangaksami.


Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

========
Dhumateng panjenenganipun Bp______________, wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

===(Mau'idzah Hasanah + Donga Panutup)===


KETERANGAN
Walimatul'ursy itu sama saja dengan Pahargyan Temanten atau pesta pernikahan, bedanya adalah walimatul'ursy itu biasa dipakai oleh masyarakat yang kental budaya santrinya. Biasanya tidak ada gendhing. Acara Panggih Temanten di situ yang biasa saya lihat adalah :


  1. Cara pertama, kedua pengantin dibawa masuk ke tempat pelaminan secara bersamaan tetapi dari arah yang berbeda (setelah dipersilahkan oleh panatacara), sampai di depan pelaminan keduanya bersalaman, lalu didudukkan di kursi pelaminan.
  2. Cara kedua, acara dimulai dengan pengantin putri didudukkan dulu di pelaminan (tanpa kata-kata dan tanpa iringan musik apapun), kemudian panatacara tampil membuka acara, kemudian dilanjutkan Panggih, pengantin pria dibawa ke pelaminan, disambut pengantin putri dengan bersalaman lalu didudukkan, atau bisa pula pengantin putri turun dulu dari panggung tempat pelaminan lalu melakukan upacara panggih secara adat Jawa.
Iringan panggih di sini biasanya berupa irama bacaan shalawat bersama-sama, kadang ada pula yang pakai musik rebana secara live (bukan rekaman). Baca shalawatnya tak perlu lama-lama, jika panggihnya berdurasi pendek, yaitu hanya bersalaman lalu duduk maka shalawatnya hingga penganten duduk, tetapi jika durasi panggihnya lama maka shalawatnya sekedarnya saja, yaitu asal sudah mengiringi saat-saat bersalaman.
Kadang ada pula setelah pengantin bersalaman itu juga dilakukan upacara adat Jawa yang sepenuhnya tergantung sang juru rias (lain dengan yang tertulis di buku-buku). Dalam peristiwa ini biasanya suasananya sudah diam (tak ada iringan shalawat), tetapi jika ada group rebana biasanya terus diiringi dengan musik rebana tersebut hingga selesai.

Pada saat mau istirahat (sumene) biasanya pengantin dibawa masuk ke panti busana untuk didandani lagi, tetapi dalam hal ini juga tidak ada kirab. Karena itu panatacara juga hanya diam tak ada njantur. Jika ada group rebana saat pengantin keluar masuk itu juga diiringi musik rebana.

Dalam praktek, antara juru rias yang satu dengan yang lainnya bisa BERBEDA cara upacara panggih temantennya. Jika panatacara terlanjur hafal dengan njantur menurut pakem seorang juru rias saja, boleh jadi bisa suatu ketika terjadi error saat berpartner dengan juru rias yang lain. Karena itu cara Ngacarani Walimatul'ursy ini bisa menjadi solusi, artinya, secara default (menurut saya), ngacarani pahargyan temanten itu seperti ini, daripada acara pernikahan jadi error karena kurang kompaknya panatacara dengan juru rias, ya kalau saya mending pakai cara yang ini, cara yang lebih banyak diam untuk mempersilakan sang juru rias.

Srah Tinampen Temanten Kakung

Pada saat pengantin akan diPANGGIHkan terlebih dahulu pengantin prianya dipasrahkan melalui sebuah pidato singkat dan kemudian dilanjutkan pidato penerimaan. Rangkaian acara ini disebut Srah Tinampen Temanten Kakung. Lebih afdol lagi jika dilaksanakannya sebelum IJAB jika antara ijab dengan panggih itu menjadi acara yang berurutan. Tetapi hal demikian sulit bagi orang awam karena jadwal waktu penghulu dengan tamu yang hadir biasanya tidak sinkron. Di daerah saya Srah Tinampen Temanten Kakung saat akan panggih ini tidak lazim, tetapi sepertinya telah menjadi tatacara standar di daerah lain maupun dalam pengajaran ke-panatacara-an. Berikut ini adalah contohnya.

PASRAH


Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun, para pinisepuh, para sesepuh saha para aji sepuh ingkang dhahat kinurmatan, miwah sanggyaning para tamu para pilenggah ingkang minulyeng budi. Keparenga langkung rumiyin kula ngonjukaken puji syukur sahandhap pepadaning Gusti Ingkang Maha Agung, dene sampun paring kekiyatan saha kawilujengan dhumateng kula sakadang, saengga saged lumarab sowan wonten ngarsa panjenengan sedaya kanthi manggih wilujeng widada nir ing sambekala. Ingkang saking menika, kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'.
Panjenenganipun Bp ............................... ingkang jumeneng sulih sarira panjenenganipun Bp/Ibu ................................ ingkang tuhu kinurmatan. Kula pun ..................................... ingkang tinanggenah minangka talanging atur panjenenganipun Bp/Ibu ................................... nuwun inggih tiyang sepuhipun putra calon temanten kakung inggih Mas Bagus .................................... ingkang pidalem ing ......................................, keparenga matur wonten ngarsa panjenengan,
Ingkang sepisan, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ...................................... gotrah kulawarga, mugi kaaturna panjenenganipun Bp/Ibu ................................... dalasan kulawarga, kula ikroraken kanthi atur “assalamu'alaikum wr.wb.”
Kaping kalihipun, mirid rantamaning adicara ingkang sampun gumathok lan gumolong gilig ing antawisipun para ingkang samya mangun bebesanan, kula kinen amasrahaken putra calon pinanganten kakung nuwun inggih pun Mas Bagus .................................... ingkang sampun golong gilig ing gegelengan sumedya dhaup mangun bebrayan kaliyan ingkang putra putri Bp/Ibu ..................................... nuwun inggih pun Rara ................................... Ingkang menika sumangga nuwun, putra calon temanten kakung kula pasrahaken sakwetahipun, sumangga kaijabaken/kadhaupaken anut satataning tatacara ingkang lumampah ing ngriki, kinanthenan puja-puji pudyastuti, mugi tansah kalis ing rubeda, nir ing sambekala.
Minangka titining atur, kula sarombongan ingkang tinanggenah minangka dhuta, mbok bilih anggenipun sowan lan matur tanpa subasita lan tilar ing tata akrami, langkung-langkung atur kula ingkang cicir, cewet, cupet, lan kalucut, keparenga hangrentahaken samodraning pangaksami.
Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

TAMPI



Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun, panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh miwah sanggyaning para rawuh para lenggah ingkang dhahat sinudarsana. Langkung-langkung panjenenganipun Bp .......................................... ingkang kepareng hamakili panjenenganipun Bp/Ibu ................................ saking .......................................... ingkang tuhu kinurmatan.
Kanthi ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, kula pun ....................................... ingkang tinanggenah minangka sulih salira panjenenganipun Bp/Ibu ........................................ keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah calon temanten kakung kalawau.
Ingkang sepisan, kula minangkani Bp/Ibu .................................... sakulawarga ngaturaken pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan ingkang dinuta minangka Dhuta Saraya Pasrah nuwun inggih Bp ................................... sapendherek, sinartan raos syukur ing ngarsaning Gusti, awit dene sampun ngeparengaken kula lan panjenengan pepanggihan kanthi bagas kuwarasan.
Kaping kalihipun, menggah salam taklim Bp/Ibu ...................................... lumantar panjenengan sampun katampi, kanthi dhawah sami-sami, kula ikroraken kanthi atur “'alaika wa'alaikum salam wr.wb.”
Wondene menggah keplasing sedya panjenengan amasrahaken putra calon temanten kakung nuwun inggih Mas Bagus ................................. , Bp/Ibu ........................................... sakulawarga nampi kanthi suka gumbiraning manah, dene mbokbilih samudayanipun sampun satata samapta, calon temanten kekalih tumunten badhe kaijabaken / kadhaupaken anut satataning rad pradatan ingkang lumampah.
Mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu .......................................... gotrah kulawarga, mugi panjenengan sarombongan keparenga andumugekaken anggenipun lelenggahan ngantos paripurnaning adicara menika, saha kasuwun keparenga paring berkah donga pangestu dhumateng ijab / dhaupipun putra temanten kekalih, sumrambah ing samudayanipun.
Ing wasana, mbokbilih anggen kula matur, anggen kula nampi, mboten andadosaken sarjuning penggalih, keparenga hangegungaken ing pangaksami.
Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Pasrah Penganten Kakung

Pada saat Pahargyan Temanten selalu ada pidato penyerahan mempelai pria. Pidato ini disebut Atur Pasrah Penganten Kakung. Umumnya sebelum diijabkan atau sebelum Panggih mempelai pria diserahkan kepada pihak keluarga mempelai putri untuk dilangsungkannya upacara. Tetapi di daerah saya adatnya lain. Penyerahan itu dilakukan setelah ijab, setelah panggih, jadi bukan diserahkan untuk diupacarakan, melainkan diserahkan untuk menjadi anggota keluarga yang baru. Mungkin dulu-dulunya pidato pasrah ini merupakan gabungan Atur Pasrah Penganten Kakung dengan Tanggap Wacana Kulawarga Besan, karena itu lebih panjang dari Atur Pasrah Penganten Kakung yang ada di daerah lain. Berikut adalah contohnya.
Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )
Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang tuhu kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang rinten pantaraning ratri tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah ingkang hambeg pepoyaning kautaman. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi. Wilujeng siang/dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.
Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Kula pun ............................. ingkang piniji minangka sulih wicara panjenenganipun Bp/Ibu .................................. nuwun inggih tiyang sepuhipun putra temanten kakung ingkang pidalem ing ............................................., keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalah gotrah kulawarga,
Ingkang sepisan, kula sarombongan saking ......................................... sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... sagung kulawarga, kanthi niat silaturrahmi.
Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ..................................... gotrah kulawarga, katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing ........(kampung).......... ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “assalamu'alaikum wr.wb.”
Kaping tiganipun, Bp/Ibu ................................. sakulawarga ngaturaken ndherek suka bingah, dene panjenenganipun Bp ......(pemangku gati)........... sampun saged ngleksanani darmaning asepuh, hanenggih malakrameaken ingkang putra kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah sampun nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken agunging panuwun.
Panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalasan kulawarga ingkang minulyeng budi, Bp/Ibu ............................ gotrah kulawarga, lumantar kula ngaturaken agunging panuwun, awit putra temanten sampun kaijabaken lan sampun sah anut satataning agami lan negari, menapadene kadhaupaken anut satataning adat ingkang lumampah ing ngriki, kepara kanthi sineksenan lan pinaringan berkah pangestu para pinisepuh lan sesepuh, pramila saking menika, putra temanten kakung, nuwun inggih .........(penganten kakung)........., kula pasrahaken dhumateng Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalasan kulawarga, kinanthenan pangajab, mugi lare menika karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga sageda netepi jejering priya ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale wisma, saha bekti dhateng sesami, lan tansah atul manembah mring Gusti.
Ugi mboten kesupen, panjenenganipun Bp/Ibu ................................... gotrah kulawarga, amasrahaken putra temanten wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.
Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, lare ndhusun ingkang taksih bodho, cubluk lan mbalilu, mila katambahana menawi kirang, lan kaemutna menawi supe lan lepat, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sae, ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.
Para rawuh para pilenggah ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, labet kados taksih kathah reroncening adicara ing titi kalenggahan menika. Dene saparipurnaning adicara ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.
Mboten katalompen, kula ingkang tinanggenah minangka talanging atur, menapadene para kadang sarombongan, mbokbilih anggenipun matur saha sowan mboten andadosaken pirenaning penggalih keparenga diagung ing pangaksami.
Akhirul kalam, Billahittaufiq walhidayah. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Pasrah Penganten Putri

Pada saat Pahargyan Ngundhuh Mantu, yaitu resepsi pernikahan di tempat pengantin pria, biasanya ada pidato penyerahan mempelai putri. Pidato ini disebut Atur Pasrah Penganten Putri. Biasanya orang tua mempelai putri berwakil kepada seseorang yang dipercayainya, sang wakil ini disebut Duta Saraya Pasrah yang merupakan tokoh penting di dalam rombongan pengiring mempelai putri (=pengombyong). Berikut adalah contoh Atur Pasrah Penganten Putri.

Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )

Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang tuhu kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang rinten pantaraning ratri tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah ingkang hambeg pepoyaning kautaman. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat sinudarsana, kakung miwah putri. Minangkani pamundhutipun Bp/Ibu ....................................... nuwun inggih tiyang sepuhipun putra temanten putri ingkang pidalem ing ................................... , kula pun ........................................ ingkang piniji minangka sulih wicara, keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .......(pemangku gati)............ dalah gotrah kulawarga,
Ingkang sepisan, kula sarombongan saking .......................................... sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .........(pemangku gati).............. sagung kulawarga, niat silaturrahmi.

Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ........................................ dalah gotrah kulawarga, katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangkugati)......... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing .......(kampung)............ ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “Assalamu'alaikum wr.wb.”

Kaping tiganipun, Bp/Ibu .................................... ngaturaken ndherek suka bingah dene panjenenganipun Bp .......(pemangkugati)........ sagung kulawarga kepareng minahargya ngundhuh mantu kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah lajeng nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang agung, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken maewu-ewu agunging panuwun.

Panjenenganipun Bp/Ibu ........(pemangkugati)......... dalasan kulawarga ingkang minulyeng budi, Bp/Ibu ............................. lumantar kula masrahaken putra temanten kekalih, inggih Mas Bagus ......................... kaliyan Rara ayu ........................ ingkang sampun kaakid-nikahaken dhuk kala~wau/wingi/emben, nuwun inggih dinten ........................, surya kaping ........................., wonten ing ................................ , kanthi raos suka lila legawaning manah, kula pasrahaken sakwetahipun, mugi kepareng katampi, kinanthenan pangajab mugi karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga ........(penganten putri).............. menika sagedta netepi jejering wanita ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale griya, saha bekti dhateng para pepundhen, lan tansah pasrah sumarah kanthi patrap pangibadah dhumateng ngarsaning Gusti.

Ugi mboten kesupen, panjenenganipun Bp/Ibu ....................................... amasrahaken putra temanten wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.

Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, panyaruwe, lan panyendhu rikalaning kirang leres, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, waleh-waleh menapa, inggih nuwun sewu, menika lare ndhusun, temtu kemawon kathah kekirangan ing seserepanipun, pramila mugi keparenga hangegungaken pangaksaminipun, keparenga sabar pamomongipun, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Panjenenganipun para rawuh ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, labet taksih kathah reroncening adicara ing pahargyan menika. Dene saparipurnaning pahargyan ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.

Mboten katalompen, kula ingkang tinanggenah minangka talanging atur, menapadene para kadang sarombongan, mbokbilih anggenipun matur saha sowan mboten andadosaken pirenaning penggalih, keparenga diagung ing pangaksami.

Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah.
Wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Panampi Temanten

Pada pahargyan temanten, setelah acara Pasrah Penganten selalu dilanjutkan dengan pidato penerimaan. Pidato ini disebut Panampi. Baik di tempat mempelai putri maupun di tempat mempelai pria (=ngundhuh mantu) pidato ini ada. Jika di daerah lain acara pasrah tampi temanten pria itu ada sebelum panggih, lain halnya di daerah saya, pasrah-tampi itu setelah panggih, karena itu pidato pasrah dan tampi temanten di tempat pengantin putri dan di tempat pengantin pria hampir tak ada bedanya.
Dalam praktek biasanya pidato ini dilakukan oleh sesepuh di kampung, karena itu sosok penyampai pidato panampi ini biasa identik dengan perangkat desa, misalnya Lurah atau Kadus, mungkin dulu-dulunya pidato ini merupakan gabungan dari Atur Panampi Temanten dengan Tanggap Wacana (=sambutan) Atasan tuan rumah. Berikut adalah sebuah contoh.

Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )
Panjenenganipun ingkang kinabekten, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dhahat pinundhi. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom .............................. ingkang dhahat kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang tansah kaantu-antu berkah pendonga miwah pitutur luhuripun. Para pangreh pangemban pangembating praja minangka pangayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri, saha para sanak kadang wredha mudha, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Langkung-langkung panjenenganipun Bp ......(duta pasrah).......... ingkang minangka duta saraya pasrah temanten kakung/putri dalah para kadang pengombyong temanten saking .........(desa)............. ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan.
Langkung rumiyin kula ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados pepanutaning ummat sejagat nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Sanggya para rawuh para adilenggah ingkang tansah winengku ing suka rahayu, kakung miwah putri.
Kula aminangkani Bp/Ibu .........(pemangkugati)............ keparenga tumanggap atur menggah atur pasrah panjenenganipun ...........(duta pasrah)............ ingkang sampun kepareng hamasrahaken putra temanten kakung/putri.
Ingkang sepisan, atas nami Bp/Ibu .........(pemangkugati)....... sakulawarga, kula ngaturaken sugeng rawuh lan agunging panuwun ing sarawuh panjenengan sarombongan, para pengombyong temanten kakung/putri saking ..........(desa).......... Mugi-mugi rawuh panjenengan punika dadosa lantaranipun tambahing pasedherekan antawisipun warga .............(jeneng desa)......... ngriki kaliyan ...........(jeneng desa)...............
Kaping kalihipun, menggah salam taklimipun Bp/Ibu ...........(besan)................. kula tampi , lan sak kosok-wangsulipun salam taklim saking Bp/Ibu ..........(pemangkugati)........... katur dhumateng Bp/Ibu ..............(besan)........ dalah gotrah kulawarga. Kula ikroraken kanthi atur “ 'Alaika wa'alaikum salam wr.wb.”
Salajengipun, keplasing sedya panjenengan amasrahaken putra temanten kakung/putri , Bp/Ibu .......(pemangkugati)............ sakulawarga nampi kanthi asta kalih lan kanthi suka gumbiraning manah, sinartan nyuwun wewahing pangestu, mugi-mugi para putra temanten menika sagedta dados pasangan ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, bagya mulya, guyub rukun, atut runtut, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, wiwit donya dumugi akhirat, enggal pinaringan momongan ingkang soleh solihah, migunani dhateng sesami, migunani dhateng agami lan negari saha tansah atul manembah mring Gusti.
Wondene menggah panggulawenthahing putra temanten menika sumangga sami-sami sesarengan, menawi pinuju wonten ngriki inggih saksaged-saged sakkuwaos kula sabrayat, lan menawi pinuju wonten ...........(jeneng desa).............. inggih semanten ugi sumangga kagulawenthah ingkang kados makaten.
Panjenenganipun para pengombyong temanten ingkang satuhu kinurmatan, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu .........(pemangkugati).......... gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika kanthi mardu mardikaning penggalih, saha menawi wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun Bp/Ibu .........(pemangkugati)........... sakulawarga nampi rawuh panjenengan keparenga hangluberaken samodraning pangaksami.
Wondene saparipurnaning pahargyan samangke panjenengan sarombongan kepareng badhe kondur, kula namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi rahayu ingkang tansah pinanggih dumugi ing dalem, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala. Syukur-syukur samya kersa pinarak lan nyipeng wonten panggenan kula.
Ing wasana, kados kirang wicaksana menawi kula matur kathah-kathah, mbok bilih anggen kula matur, anggen kula nampi, mboten andadosaken sarjuning penggalih, kula pribadhi tansah nyuwun agunging sih samodra pangaksami.
Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Mukaddimah Akad Nikah

Akad nikah adalah acara inti dalam proses pernikahan. Di kampung umumnya acara akad nikah merupakan acara yang terpisah dari acara resepsi, di samping bisa lebih sesuai dengan jadwal penghulu juga bisa menghindarkan kekacauan acara pahargyan. Saat pengantin akan dinikahkan oleh penghulu (di rumah atau di serambi masjid) biasanya acara dibuka lebih dahulu. Seseorang mewakili tuan rumah bicara kepada hadirin menjelaskan tentang acara yang akan dilangsungkan. Pidato pembukaan ini disebut Mukaddimah Akad Nikah. Di daerah lain mungkin setelah mukaddimah ini ada Pasrah Tampi Temanten Kakung, tetapi di daerah saya lazimnya tidak, acara langsung diserahkan penghulu. Berikut adalah contohnya.
Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )
Wonten ngarsanipun para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang kinabekten, langkung-langkung panjenenganipun Bp Pengulu lan Bp Pembantu Petugas Pencatat Nikah ingkang pantes sinudarsana. Panjenenganipun para kadang - wredha mudha, saha para rawuh para pilenggah lan para kadang saking ...........(kampung manten kakung).......... ingkang tansah winantu ing suka rahayu.
Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula panjenengan ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri. Keparenga kula ing ngriki minangka talang atur kulawarga saking panjenenganipun Bp/Ibu ................................ ngaturaken mukaddimah menggah prastawa gati ing titi kalenggahan menika.
Ingkang sepisan Bp/Ibu ................................ sakulawarga ngaturaken pambagya: sugeng rawuh lan agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya , langkung-langkung dhateng panjenenganipun Bapak Pengulu. Sugeng rawuh, wilujeng enjing/siang/sonten/dalu lan sugeng pepanggihan.
Wondene menggah prastawa gati ingkang karantam ingadanan ing dinten menika nuwun inggih mbokbilih Allah SWT ngijabahi, ing dinten menika Bp/Ibu ............................... sakulawarga kagungan sedya luhur ngadani prastawa agung lan sakral, inggih menika amiwaha putra mahargya siwi ingkang asesilih Rara ................................, badhe kadhaup dening Mas ............................... putranipun Bp ................................. saking .........................................
Ingkang menika kasuwun panjenengan sedaya keparenga paring paseksen, paring idi donga berkah pangestu kanthi hangrawuhi lan hanjenengi dhumateng prastawa gati ingkang badhe ingadanan, nuwun inggih, ingkang sepisan Ijab utawi Akad-nikah menggah satataning agami lan negari ingkang samangke badhe kapratitisaken panjenenganipun Bapak Pengulu.
Dene ingkang angka kalih nuwun inggih mangke menawi para tamu lenggahan lan rombongan pengombyong temanten kakung saking ..................................... sampun rawuh lajeng badhe ingadanan upacara adat, putra temanten badhe kawiwaha dhaup kanthi upacara ingkang limrah kawastanan upacara PANGGIH lan badhe kapahargya kanthi pinaringan sabdatama dening panjenenganipun Bp Kyai ......................................
Mekaten menggah atur mukaddimah saking kulawarga, wonten kekirangan, kalepatan saha keladukipun, nyuwun agunging pangapunten.
Salajengipun wekdal kula sumanggaaken dhumateng panjenenganipun Bapak Pengulu.
Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

Budaya Pengajian

Pengajian adalah istilah untuk menyebut kegiatan pengkajian ajaran agama Islam, sedang metode yang paling umum adalah melalui ceramah yang dilakukan nara sumber dan didengarkan/disaksikan oleh hadirin. Tanpa hadirin biasanya tak bisa dibilang pengajian, contohnya ceramah di radio maupun artikel kajian agama di surat kabar atau buku tak disebut pengajian.
Di sebagian daerah Kajoran Magelang, pengajian sudah merupakan budaya tersendiri. Hampir setiap kegiatan kumpul-kumpul masyarakat selalu ada pengajiannya, termasuk resepsi pahargyan temanten. Begitu mendominasinya budaya pengajian ini hingga acara-acara yang berbau kejawen seperti upacara adat widhi widana panggih, upacara krobongan, siraman, maupun midodareni pada pengantin adat Jawa menjadi jarang dilakukan, bahkan diperlakukan seperti budaya asing. Begitu juga bicara di depan umum dengan bahasa Jawa halus seperti yang diajarkan Permadani, maupun buku-buku tentang medhar sabda, masih dianggap 'tidak biasa'. Bahkan pada acara pemberangkatan jenazah pun, saat dimana menurut teori di buku-buku pamedhar sabda ada acara Pidato Penghiburan ahli waris (=Tanggap Sabda Bela Sungkawa), ternyata di daerah Kajoran yang berlaku adalah ceramah pengajian (=taushiyah).  
Lebih jauh lagi, sebagai contoh perbandingan, apa yang akan dilakukan jika suatu keluarga mengadakan pahargyan temanten? Jika orang Surakarta sana mungkin jelas, akan ada siraman, midodareni, ijab, panggih, krobongan, sungkeman, kirab, dsb. Tetapi orang Kajoran belum tentu demikian. Tanpa adanya saran sang juru rias kemungkinan yang dilakukan adalah ijab (akad nikah di depan penghulu) dan mengadakan pengajian ! Mengapa demikian? Ijab merupakan upacara pengesahan, sedang pengajian merupakan kesempatan untuk menjamu orang banyak(=walimahan). Dalam ajaran Islam makan-makan menjamu orang banyak ini disebut walimah.
Memang demikianlah adat budaya, antar daerah bisa beda. Seorang panatacara pahargyan temanten yang tampil dengan pakaian adat Jawa yang khas dan bahasa krama inggil yang oke, fasih njantur (nyandra) dsb belum tentu akan mendapat simpati hadirin sebagaimana kalau di wilayah Surakarta ! Boleh jadi akan malah dipandang aneh, dibilang ngethoprak, dsb.
Barangkali latar belakang sejarah yang menyebabkan demikian. Jika dihubungkan dengan peta wilayah kerajaan Mataram yang pecah pada perjanjian Giyanti nampak sekali bahwa wilayah Magelang itu tidak termasuk wilayah kerajaan Mataram pada saat itu. Logikanya, walau sama-sama suku Jawa tapi budayanya tidak ikut kerajaan-kerajaan eks Mataram. Bisa dimengerti pula mengapa ada sebagian orang daerah Kajoran bersikap anti gendhing Jawa, padahal musik pengiring upacara Panggih itu harus gendhing Jawa !
Belajar dari hal itu, menjadi panatacara kampung sebenarnya tidak sulit, yang penting bisa jadi MC pengajian, bisa Atur Pambagyaharja, dan bisa Atur Pasrah Temanten. Saat menjadi MC pahargyan temanten belum tentu harus njantur, karena yang empunya hajat belum tentu menghendaki diadakannya upacara adat widhi widana panggih.

NGACARANI TASYAKURAN NGUNDHUH MANTU

Seringkali di kampung acara pernikahan dilakukan sedemikian sederhana, terutama saat ngundhuh mantu. Di situ diadakan acara pengajian, tetapi tak ada tempat pelaminan buat pengantin. Mempelai bebas mau duduk-duduk di kamar, atau membaur dengan para tamu, bolah-boleh saja, asal saat mau'idzah hasanah ada di dekat penceramah, dan saat bubar berada di pintu pahargyan untuk bersalaman dengan para tamu yang pamitan, tetapi yang umum dilakukan adalah mempelai duduk lesehan di antara para tamu dekat 'podium'. (Kata 'tasyakuran' dalam contoh ini lebih populer dengan kata 'walimatul 'ursy').
Apa yang jadi tugas MC (panatacara) ? Berikut adalah contoh sederhana.

Assalamu'alaikum wr.wb.


( ayat )


Dhumateng panjenenganipun para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang kinabekten, langkung-langkung panjenenganipun Bp _____________ ingkang tuhu dhahat pinundhi, lan panjenenganipun Bp
_(penceramah)___ ingkang tansah kaantu-antu barokah, miwah mau'idzah hasanahipun.
Panjenenganipun para ngalim, para ngulama, para kyai lan para ustadz, ingkang rinten ndalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi, ingkang tansah kaantu-antu barokah pendonga, miwah pitutur luhuripun.
Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja nayakaning negari, nuwun inggih Bpk Lurah dalah para Perangkat Desa, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
Panjenenganipun para rawuh para pilenggah para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan, saha para pengombyong temanten saking _______________ ingkang tansah winantu ing suka lan rahayu.
Sugeng rawuh, wilujeng siang, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngluhuruken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, nenggih Allah SWT, saha ngonjukaken raos syukur karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten menika wekdal panjenengan sedaya lan kula, saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan lan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid
'alhamdulillahirobbil'alamin. ' Mugi-mugi salwiring gati tansah manggih kawilujengan, rahayu, nirmala, niskala, tebih saking sakathahing reridhu lan panyendhu, kalis ing rubeda.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri.

Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangapunten awit lajeng kumawantun nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis. Sedaya kalawau inggih awit saking awrat ngemban dhawuh pangandikan panjenenganipun Bp/Ibu __(pemangkugati)__, kajibah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal siang menika, nuwun inggih adicara tasyakuran nikahipun mas ________________ ingkang sampun kalampahan dhaup kaliyan mbak _______________ putra panjenenganipun Bp/Ibu______________ ingkang pidalem ing ______________.

Anamung saderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet, cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.


Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri. Keparenga langkung rumiyin kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kadang kulawarga kangge ngrenggani tasyakuran ing wekdal menika,

  1. Ingkang sepisan nuwun inggih pambuka.
  2. Urut angka kalih nuwun inggih Waosan wahyu suci Al Qur'an.
  3. Urut kaping tiga inggih menika Atur pambagyaharja.
  4. Salajengipun srah tinampen putra temanten putri minangka adicara kaping 4 lan 5.
  5. Urut reroncening adicara ingkang angka 6, inggih menika Mau'idzah Hasanah.
  6. Wondene urut adicara ingkang pungkasan nuwun inggih Donga Panutup .

Mekaten para rawuh menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kaatur. Sanget ing panyuwunipun Bp/ibu ___________________ dalah gotrah kulawarga, keparenga panjenengan sedaya paring puja-puji pangastuti dhumateng putra temanten, sinambi lelenggahan ngantos purnaning adicara ing mangke, kanthi mardu mardikaning penggalih.
Dene kula pribadhi tansah nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi anggenipun ndherekaken lampahing adicara menika saged rancag, lancar, mboten manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.

Bapak-bapak, ibu-ibu saha sanggyaning para rawuh para lenggah para tamu ingkang kinurmatan, minangka pambukaning adicara, sumangga nuwun kula dherekaken maos ummul kitab sesarengan. Liridho-illahi ta'ala walisyafa'ati rosulillah SAW al faatihah.


===(maos fatihah)===


Matur nuwun, mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara ing wekdal siang menika saged lancar, rancag, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.


Salajengipun sumangga kula dherekaken ngancik adicara ingkang urut angka 2, nuwun inggih Waosan Wahyu Suci Al Qur'an. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun piniji, nuwun inggih ____________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun.


===(waosan wahyu suci Al Qur'an)===


Mekaten para rawuh menggah Waosan Wahyu Suci Al Qur'an ingkang sampun kawaos dening panjenenganipun ____________, mugi-mugi saged nambah santosaning iman kula panjenengan sedaya, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun _____________ kula aturaken agunging panuwun.


Adicara salajengipun inggih menika Atur Pambagyaharja saking panjenenganipun ingkang hamengkugati ingkang badhe kasulih salirani dening panjenenganipun Bp ____________. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ___________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun.


=========(Atur Pambagyaharja)========


Mekaten Atur Pambagyaharja saking panjenenganipun Bp _____________ minangka wakil saking kulawarga Bp/Ibu ________________, dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging panuwun.


Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Srah Tinampen putra temanten putri. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ________________ minangka duta saraya pasrah, wekdal saha papan kasumanggaaken. Sumangga, nuwun.


====(Pasrah Temanten Putri)===


Mekaten Atur Pasrah putra temanten putri ingkang sampun kaaturaken kanthi wijang wijiling pangandikan. Dhumateng panjenenganipun Bp ______________________ kula aturaken agunging panuwun.


Salajengipun Atur Panampi ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Bp ______________. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ______________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Nuwun.


=====(Tampi Temanten)===


Mekaten Atur Panampi ingkang sampun kasalirani panjenenganipun Bp _______________ kanthi cetha wijang wijiling pangandikan. Dhumateng panjenenganipun Bp _______________ kula aturaken agunging panuwun.


Adicara salajengipun inggih menika sumene sawetawis. Ingkang menika katur dhumateng para kadang anem wekdal kula sumanggaaken. Nuwun.


=====(dhaharan kaladosaken)===


Mangga keparenga angrahabi pasugatan sepala ingkang sampun kaladosaken menika kanthi mardu mardikaning penggalih. Ingkang dereng pikantuk keparenga nyebar godhong kawis, sabar sawetawis, sinambi midhangetaken irama musik ingkang kaaturaken dening kadang panata pitaswara. Sumangga, nuwun.


=====(sumene)======


Nyuwun pangapunten wekdal sumene kula punggel semanten, mboten ateges angirangi kamardhikan panjenengan ananging kangge nglajengaken adicara ingkang salajengipun.


Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Mau'idzah-Hasanah minangka sanguning putra temanten anggenipun badhe ambyur lelumban ing madyaning bebrayan agung, lan ing mangke katerasaken Donga Panutup. Mau'idzah Hasanah saha imam Donga samangke badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp___________ saking ____________.


Ananging sakderengipun wekdal kula aturaken dhumateng panjenenganipun, wangsul dhumateng kula ingkang tinanggenah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika, mbok bilih wonten kekirangan, kalepatan saha keladukipun saking arah menapa kemawon ingkang adamel kirang renaning penggalih panjenengan sedaya, kula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.


Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.


Dhumateng panjenenganipun Bp______________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.


===(Mau'idzah Hasanah + Donga Panutup)===

1 komentar:

 
Me and My Live Dark Kitty template - Design By - P0L5K4H4CKR3W